Khutbah Bahasa Jawa Ridlo

خطبة ١

ألْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ قَدَّرَ مَقَادِيْرَ الْخَلَائِقِ وَالْأُمُوْرِ. وَفَضَّلَ بَعْضَهُمْ عَلَى بَعْضٍ فِي الْعِلْمِ وَالْأُجُوْرِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْغَفُوْرُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْمَشْكُوْرُ.أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Monggo kito tansah ningkataken raos takwa dhumateng Gusti Allah SWT, kanthi nglampahi sedaya dhawuh-dhawuh-Ipun lan nebihi sedaya awisan-awisan-Ipun. Mugi-mugi kanthi bekal takwa meniko, kito pinaringan wilujeng, bagya mulya dunyo dumugi akhirat.

Jamaah Jumat ingkang Minulyo,

Pagesangan ing alam donya meniko tansah dipun baturi dening warna-warni kahanan. Kadang kito pinaringan sekeca, sehat, lan rejeki ingkang gampil. Nanging mboten sakedhik, kito ugi dipun uji kanthi kahanan ingkang awrat, kados dene sakit, rejeki ingkang seret, utawi musibah sanesipun. Sedaya meniko sampun katulis wonten kitab Lauhul Mahfuz sakderenge Gusti Allah nitahaken alam semesta. Meniko ingkang dipun wastani takdir. Alloh SWT dawuh

مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ

"Ora ono suatu musibah utowo bencana kang tumibo ing bumi lan (ora ugo) kang tumibo marag awakmu dewe kejobo iku sampun tertulis wonten kitab (Lauhul Mahfuzh) sakdurunge Ingsun nitahaken. Saktemen kang mengkono iku gampang keduwe Gusti Allah." (QS Al-Hadid: 22)

Jamaah Jumat ingkang Minulyo,

Minangka tiyang mukmin, kito dipundhawuhi ken gadah manah ingkang ridlo lan ikhlas nampi sedaya katetepan saking Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dhawuhaken wonten ing setunggaling hadis.

عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ، إِنَّ أَمْرَهُ كُلُّهُ خَيْرٌ، وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلَّا لِلْمُؤْمِنِ: إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ، فَكَانَ خَيْرًا لَهُ، وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ، فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Artosipun: "Pancen nggumunake urusane wong mukmin iku. Kabeh urusane iku dadi kebecikan, lan ora ono sing koyok mengkono iku kejaba mung tumrap wong mukmin. Yen pinaringan nikmat dheweke syukur, mula iku dadi kebecikan kanggo dheweke. Lan yen ditibani musibah dheweke sabar, mula iku uga dadi kebecikan kanggo dheweke."

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing falsafah pagesangan, tiyang ingkang saged ridlo lan nrimo takdir saking Gusti Allah badhe pikantuk tigang piwales ageng :

1.          dados tentrem (Ayem). Tiyang ingkang boten nate sambat lan tansah nampi peparingipun Gusti Allah, manahipun mboten badhe kaoyak dening rasa serakah utawi kuwatos.

2.          Pangapuro saking Gusti Allah. Saben cobaan lan musibah, menawi dipun tampi kanthi ridlo lan sabar, saged dados sarana penggugur dosa.

3.          Pahala ingkang boten wonten watesipun. Gusti Allah SWT sampun janji bilih tiyang ingkang sabar lan ridlo, badhe pinaringan ganjaran ingkang tanpa etungan.

Pramilo, monggo kito tansah mbudidaya supados saged nampi takdir kanthi legowo.Menawi takdir meniko sae, kito syukuri supados tambah nikmatipun. Menawi takdir meniko awon, kito sabari supados dados pelebur dosa lan derajat kito dipun angkat dening Gusti Allah. Keranten

إن الرضا بالقضاء واجب

Saktemen rida marang ketetapan (qadha) meniko wajib dari.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing pungkasaning khutbah meniko, monggo kito tansah ningkataken iman lan takwa kito. Mangga kito dedonga supados kito sedaya tansah pinaringan manah ingkang tulus, ikhlas, lan ridlo nampi sedaya takdir saking Gusti Allah SWT.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهُ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

خطبة ٢

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إِلَى رِضْوَانِهِ.أَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

أَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ. وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ.وَأَقِمِ الصَّلَاةَ.

Posting Komentar

0 Komentar